Angkara Durma - Kidung Tresna Burisrawa
PUSPA LAYU
Cipt. Jagad Pramudya
Duh kakang mbok memaniking kalbu
Gage sawangen ragaku
Lesu lesah lir puspa kang layu
Hangrantu tibaning banyu
Tumiba saking langit asmara
Hanyiram telenging nala
Ananging wus pupus tanpa guna
Keplok tunggal tan gambuh ing tresna
Jangkane jagad wus ngandakake
Aku kue dudu jodhone
Senadyan abot kudu tak lilakke
Nyawang ndika krama lan slirane
Tak suwun rungokno prasetyaku
Tresna iki ora mung semu
Tak jaga nganti kukut jagadku
Mung kakang mbok kang dadi tersnaku
Komentar
Posting Komentar